Senin, 24 Juni 2019

Pengembangan Wahana Rekreasi Masyarakat

Sebelah kidul lapangan anane mung sawah. Siki piwe carane sawah dialih fungsikan kanggo lahan/ wahana rekreasi. Desa Banjarparakan ora duwe gunung, ora duwe tempat wisata. Siki sawah disulap dadi wahana rekreasi kanggo masyarakat. Mesti rika pada setuju ya. Mulane dukung aku dadi Kepala Desa Banjarparakan. Akeh desa siki pada berlomba-lomba gawe wahana rekreasi. Desa sing duwe gunung mungkin bisa gawe wahana rekreasi sing alami nuansane kaya neng pancuran pitu. Tapi desane dewek ora duwe ruang publik kanggo plesiran. Dalan siji-sijine ya kudu mikir jero. Piwe carane nyulap sawah dadi tempat rekreasi nuansa futuristik. Tenang bae, nek aku dadi Kepala Desa aku arep mbangun wahana rekreasi. Aku wis siap konsepe. Wis tek desain wahana rekreasine. Aja khawatir pokokelah.

Revitalisasi Sarana & Prasarana Lapangan Desa

Lapangane sepi nyeyep. Nek bengi peteng dedet. Ketone angker. Lah pime carane kon rame. Inyong rika kudu mikir jero. Mikir piwe carane kahanan lapangan kon katon semringah. Iya, bener!! Lapangane dipermak, dipoles kon katon gagah/ ayu. Bener banget!! Lapangane dibangun digabung karo alun-alun desa. Mesti cocok marecok. Alun-alune apik ditambah lapangane kinclong. Kaya cerita sejoli dalam Roman Picisan. Apa gunane lapangane dibangun?? Lapangan mbok paling kanggo playon bocah bal-balan. Iya bener!! Tapi rika pada kudu mikir ke depan. Gunane lapangan dibangun ya mestine ke depan, lapangan desa Banjarparakan dadi pusat kegiatan neng wilayah Kecamatan Rawalo.Posisi lapangan tiba tengah. Mbok sapa nyana lapangan desa Banjarparakan dadi ikon lapangan paling oke neng Kecamatan Rawalo. Kueh ya sedulur, pemikiran masa depan.

Pembangunan Alun-Alun Desa

Jaman wis semakin maju, apa rika pengin desane juga melu maju?? Apa pengin desane tetep bae?? Apa malah desane ketinggalan jaman?? Gari milih, karo mikir. Masyarakat desa Banjarparakan mesti pinter, wis cerdas ora perlu diwarahi. Wong urip jere pilihan. Arep milih maju apa mundur ya gari-garine rika pada. Siki sing penting pada guyub rukun baelah ya. Siki mikir piwe carane mbangun desa Banjarparakan kon madan lewih kinclong tampilane. Mulane nek aku didaulat dadi Kepala Desa, aku arep mbangun alun-alun desa. Gunane kanggo apa?? Jawabane ya kanggo hiburan, mbuang sebel puyeng pikiran. Alun-alun desa mbok bisa tempat rekreasi keluarga nek akhir pekan. Anak bojo pada kumpul malem mingguan, sinambi tuku panganan. Eh mbok sapa nyana, ndeleng masyarakate pada bungah rika juga melu kesawaban rejekine. Uripe dadi tentrem adem. Kurang lewihe guna karo fungsine dibangun alun-alun desa.

Konsep & Desain DESA RASA KOTA

Lanjut maning sedulur warga masyarakat desa Banjarparakan. Terinspirasi saking pengin majune desa Banjarparakan, aku nekad maju nyalon KADES. Nekad mbok dadi tekad sing temenan terwujud, diijabahi Gusti Alloh kang Maha Kuasa. Masalah menang kalah neng PILKADES wis biasa. Menungsa kur gari usaha tapi kabeh mau Gusti Alloh sing aweh keputusan. Aku duwe konsep & desain kanggo desane dewek " DESA RASA KOTA ". Mulane mayuh sedulur dukung aku dadi Kepala Desa Banjarparakan. Aku wis gawe konsep kanggo desa tercinta kita. Konsep karo desaine wis siap, rasane mantep, mung gari pelaksanaan. Kapan maning duwe calon lurah sing wis siap duwe konsep mbangun. Aja gibah, aja melikan, aja ribut, ora usah ngelek-elek sesama. Kabeh mau wonge dewek. Beda pilihan wis biasa. Siki mung gari adu program kerja bae. Sapa bae sing pengin maju desane ya masyarakat bisa milah karo milih sing paling apik. Menungsa kabeh ana cacate, ora sempurna. Nek manusia ngaku sempurna berarti rika wis bisa nilai dewek. Intine, sedulurku kabeh warga masyarakat desa Banjarparakan, mayuh disengkuyung program kerjaku. Dukung aku dadi Kepala Desa Banjarparakan. Insyalloh kelakon bisa wujudna desa Banjarparakan sing asri, apik.

3 Program Kerja 5 Tahun

Sarino for Kades Banjarparakan 2019. Ide pemikiran " 3 program kerja 5 tahun " muncul sewise ndeleng keadaan desa Banjarparakan sing esih kurang maju. Kurang maju neng tampilane karo kuantitas, kualitase. Intine kurang greget desane. Padahal posisi desa Banjarparakan neng posisi strategis diantara desa- desa laine neng wilayah Kecamatan Rawalo. Desane neng posisi jalur dalan antar kota antar propinsi. Kabeh wong lunga sekang endi bae mesti liwat jalur dalan desa Banjarparakan. Mungkin rika inyong pada pengin desane dewek maju dibandingna karo desa- desa laine. Banjarparkan number one, kudune kaya kueh ya sedulur. Mulane lahir ide pemikiran karo konsep & desain " DESA RASA KOTA ". Meski uripe neng desa tapi bisa pada nyicipi rasa neng kota. Pengin rekreasi ya ora perlu adoh-adoh maring kota, cukup rekreasi neng desane dewek. Duite rika bisa kanggo meningkatkan pendapatan asli desa dudu kanggo wong kana-kana. Pendapatan asli desa meningkat ya jelas kena kanggo mbangun desa maning. Kabeh mau balik maring desane dewek. Program kerjaku cukup 3 bae intine selama 5 tahun, nek bisa kelakon kabeh syukur Alhamdulilah. Tapi program kerja 3 jumlahe nduwe sub-sub program kerja sing mumpuni menurutku. Program kerjaku khusus umume ya kanggo warga masyarakat desa Banjarparakan, dudu program kanggo sing nyenengna golongan tertentu. 3 program kerja isine : 1. Pembangunan Sarana Ruang Publik; 2. Pembangunan SDM ( Sumber Daya Manusia ); 3. Peningkatan Kualitas Hidup. Wis kaya kueh bae ya sedulur. Lewih gamblange, lewih detail penjelasane waca bae kelanjutan neng bab laine.

PROFILKU

AKu wong Banjarparakan Tulen. Rama biyungku aweh jeneng SARINO. Jeneng ndesa banget ya lur. Tapi ora masalah jeneng ndesa tapi cara berpikire kota metropolitan. Tapi aja salah, SARINO asal bahasa Inggris loh. SHARE i Now artine bagikan aku sekarang, sing duwe maksud aku mesti kudu berbagi/ mbantu sedulur. Mbantu ora kudu materi tapi ya sekabehane. Kurang lewihe begitu sedulur artine. Tapi sing jenenge ilat jawa ya kon ngomong inggris SHARE i Now ya disingkat SARINO Dulur...Uripku neng grumbul Jongkeng. Anak bojoku, ya neng Jongkeng. Mati urip ya mestine neng desane dewek, sebabe aku tresna maring desaku. Mulane lur aku jaluk dukungane. Aku niat ingsun nyalon Lurah periode 2019 nyampe masa jabatan kepala desa purna. Aku pengin desa Banjarparakan MAJU, duwe fasilitas lan sarana prasarana khusus kanggo masyarakat desa Banjarparakan, dudu kanggo golongan masyarakat tertentu. Asale sekang masyarakat, ya kudu balik maning kanggo masyarakat. Insyaloh nek aku diberikan amanat kon mimpin desa Banjarparakan, aku siap banget mbangun desa, meski mlakune mungkin akeh halangan lan rintangan. Kabeh mau diniati lantaran karomah lafal Bismillahirohmanirohim!!! Mulane sedulur warga masyarakat desa Banjarparakan, aku jaluk dukungan rika pada. Tua nom, lanang wadon, bapak ibu, adik- adiku kaum muda milenial sing wis duwe hak nyoblos tulung aku didukung. Kabeh mau demi kemajuan desa Banjarparakan. Sapa maning sing arep memajukan desa Banjarparakan, desane dewek inyong rika pada. Maaf bahasane ngapak. Jere ora ngapak ora kepenak.